TEKNOLOGI

On Senin, 09 April 2012 0 komentar

Télégraf 
perkembangan teknologi wekdal menika zaman sampun ewah.Saking zaman industri dados zaman teknologi informasi. Zaman menika dipunlampahi wonten atusan tahun.Salajengipun zaman industri dados zaman teknologi informasi,zaman menika marisi donya pasca kolonialisasi fisik lan perang donya.Zaman salajengipun donya dados tambah ciut lan global.Internet kepanggih lan teknologi sanesipun. menika ndadosaken lahiripun nilai-nilai enggal lan kelompok dominan enggal .Nanging kita mboten saget nglirwakaken bilih sedaya ingkang wonten ing donya menika wonten mumpangatipun ,nanging sedaya gumantung kaliyan sinten ingkang badhe ngginaaken teknologi menika.salah satunggaling teknologi inggih menika telegraf.
Télégraf inggih menika satunggalipun mesin utawi piranti ingkang dipunginakaken kanggé ngirim utawi nampi pesen saking jarak ingkang tebih. Tembung télégraf ingkang asring dipunmirengaken samenika, limrahipun menika télégraf èlèktrik. Télégraf dipunpanggihi déning setunggalipun tiyang Amérika Serikatingkang asmanipun Samuel F.B. Morse kaliyan asisténipun, Alexander Bain.Pesen saking télégraf dipunkirimaken déning operator télégraf (telegrapher) kanthi ngginakaken sandi morse ingkang misuwur kanthi nama télégram utawi kabelgram, asring dipuncekak pesen kabel utawi kawat.  Sandi Morse inggih menika satunggalipun metodhe pangiriman informasi, kanthi ngginakaken standar dhata pangiriman nada utawi swanten, cahya kanthi mbentenaken ketukandash lan dot saking pesen ukara (kalimat), tembung, huruf, lan tandha waos. Sandi morse saged dipunkirimaken kanthi supritan (peluit), bendera, cahya, lan ketukan morse. Saderengipun wonten piranti télpon, télégram misuwur sanget amargi kathah dipunginakaken. Télégram limrahipun dipunginakaken kanggé bisnis, dhokumen resmi, lan sanèsipun.
Ing taun 1843, satunggalipun tiyang Skotlandia, Alexander Bain, damel piranti ingkang dipunparingi nama recording telegraph (télégraf parekam). Télégraf menika saged dipunginakaken kangge ngirim gambar kanthi ngginakaken kawat èlèktrik. Taun 1855 Giovanni Caselli ugi damel télégraf ingkang saged ngirim pesen. Caselli maringi nama kangge piranti menika Pantelegraf. Nalika semanten pantelegraf sampun suksés dipunginakaken minangka saluran telegraf antawisipun Kutha Paris lan Lyon

0 komentar:

Posting Komentar